Memuat...IDR/USD 16.285▼ 0.12%IHSG 7.842,11▲ 0.64%Emas Rp 1.384.000/grJakarta 29°C ☁

Guyon Ngapak : Endase Ditelesi Ben Cerdas

Yanvera osmana•
Warung Pojok

Ndlowak e ya ora ketulungan. Pokoke Murlidod lah, Yen ngerjani kanca batir laka tunggale. Gawe waduk kaku nemen.

Misale pas ana tanggane sing duwe bojo lagi meteng, digoleti saemohe, pas ketemu Ning pangkalan becak, lagi ngetem luruh penumpang, malah dikongkon balik, monine bojone lairan. Padahal bojone lagi turu. Wkakkakak dasar Murlidod.

Wonge tah pakrak ora, terus paling sungkan Yen kongkon itung-itunganan. Monine angel gawe mumet, kayane lagi pelajaran matematika ora tau mangkat.

Ndilalah kelakuan ky kuwe ya nurun Ning anake sing mbontot. Yen ana pelajaran matematika ya suka milih balik, yen ora ya metu sing kelas alesane wetenge lara.

Dina mau esuk dengaren bocah mangkat sekolah kaya semangat nemen. Padahal jare ana pelajaran matematika.

Pas masuk sekolah walaupun mangkate repet-repet nemen. Tapi anake Murlidod pede nemen, kongkon maju ngisi soal ning papan tulis pun pedene laka tunggale. Mbuh Kayong bar dinein aji-aji apa Ning bapane .

Dari Rekening Dormant BNI Rp204 Miliar hingga Pembunuhan Kacab BRI, Jejak Sindikat Candy dan Dwi
Baca Juga · Warung Pojok
Dari Rekening Dormant BNI Rp204 Miliar hingga Pembunuhan Kacab BRI, Jejak Sindikat Candy dan Dwi

Guru :
" Selamat pagi Anak-anak, buka buku matematika bab loro, kiye ana soal, sapa sing bisa ngisi soal nomer siji maju. Terus tulis Ning papan tulis."

Terus anake Murlidod gagiyan njawab,
" Saya pa guru!"

Gurune asline heran, tapi ya tetep dukung.
" Eh, syukur nemen koen Tong. Wis Sinau?"

Anake Murlidod pun njawab jare wes sinau.

" Sudah pa guru." Karo maju ngarep, terus tanggane didoni bar kuwe diusapnya Ning endase Deweke, persis kaya bapane.

Corporate Secretary BNI, Kekayaan Okki Rushartomo Melonjak, Ini Rinciannya
Baca Juga · Warung Pojok
Corporate Secretary BNI, Kekayaan Okki Rushartomo Melonjak, Ini Rinciannya

Gurune weruh kelakuane kue bocah akhire protes.

"Tong, Aja ky kuwe, kotor kuwe mana gagiyan Maring mburi terus dikumbai ndase koen." Jare Pak Guru karo rada jengkel.

Anake Murlidod pun nurut tapi karo takon.
" Siap pa guru. Tp pimen hasil isiane? Bener oh ya pa guru? "

Gurune njawab bener, tapi karo takon penasaran ning keluane kue bocah.

"Bener sih bener. Tp bisane koen ngusapi endas nganggo tangan sing bar didoni. Kepimen ceritane?"

MAXstream Dikeluhkan Pengguna, Folaplay dan TVRI Jadi Solusi Nonton Piala Dunia 2026
Baca Juga · Warung Pojok
MAXstream Dikeluhkan Pengguna, Folaplay dan TVRI Jadi Solusi Nonton Piala Dunia 2026

Anake Murlidod akhire njawab pitakonane gurune karo cerita.

"Mbengi bapak Karo emak pas lagi ning kasur, geger Bae wong loro. Monine angger kangelan ya endase dinein idu atau didoni, nyong krungu dadi tak praktekna pak Guru, " jare anake Murlidod karo pringas-pringis.

Gurune mung bisa mbatin njero ati.

" Hemmmm dasar Anake Murlidod, sewelas rolas Karo bapane!"
***

(Yan 97)

Tags:
#sekolah#matematika#guyon ngapak tegal#murlidod
Bagikan:Facebook𝕏 / TwitterWhatsApp

Komentar (0)

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama!

Tulis Komentar

Memuat verifikasi keamanan…