Ndeleng perkembangan ekonomi keluargane kayonge ayem nemen. Apa Bae ana, apa bae anyar, padahal nembe pirang Wulan usaha.
Setelah dipecat dadi karyawan. Umahe anyar mobil motor segala merk ana kabeh tur anyar. Usaha ne Saiki wis berkembang pesat, anak buahe ya nambah akeh tur pada seneng-seneng nemen.
Pas kebetulan Murlidod lagi numpak mobil anyar, langsung tak andeg tak takoni. Soale krungu-krungu pan buka usaha cabang sing kesepuluh.
Sebabe aku penasaran, akhire tak waneni nggo takon langsung maring Murlidod.
" Donge rumuse apa sih Dod. Ente Kayong cepet moncer nemen."
Murlidod terus njawab santai,
"Biasa Bae broo. Wong arane usaha, pas lagi ketemu dalane ya kepenak." Jawab Murlidod.
Aku esih penasaran karo usahane, akhire aku takon maning.
"Donge usahane nt apa sih, jarene buka warung, aku ora weruh warunge, jare bisnis ya aku ora ngerti bisnise. Mene Len aku diwarai resep lan rumuse" takonku penasaran.
Murlidod lirak lirik, bar kue njawab.
" Lah gampang koh. Sing penting lunga bengi, balik Slamet ora kena apes." Jawab Murlidod.
Aku tambah penasaran,
" Lah sih usaha apa, dengan ente Yen bengi laka kabare. Tp krungu-krungu esuke ente bar untung akeh, kae anak buahmu pada cerita. Jare wis 9 cabang dibuka sukses kabeh. Hasile gedene por-poran." Takonku.
Murlidod njawab semangat,
" Iya bro aku seneng nemen. Lagi olih akeh, tp isih runtag Bae, mangkane mengko bengi wis rencana pan mbuka cabang sing kesepuluh. Dongakna Slamet sukses ya broo." Jawab Murlidod.
Aku wes munjuk penasarane,
" Donge usaha apa Len, aku diajak ya kena."
Murlidod semangat nemen,
" Yen ente gelem ya hayuh. Mengko bengi mangkat. Jam loro, gawa linggis. " Jwab Murlidod.
Aku dadi keder,
" Sih bisane gawa linggis?" Takonku.
Murlidod njawab ngodor,
" Iya mbuka cabang tokone ewong mbuh cabang kantor apa mbuh apa." Jawab Murlidod karo nyrenges.
Aku akhire melu munjuk,
" Sih Raimu pan nyolong? Bangsetlah waduke Raimu. Jebule sing dongkel tokone aku Raimu bol wasyuuulah! " Jawabku gemremet.
Murlidod malah Ngguyu ngakak,
" Wkakkakaka lah paling sing tak jukut rokok sabungkus be geger ente pelite pol." Jawan Murlidod.
Aku mangkel nemen,
" Memamng Murlidod..soak!"
Kie arane bercerita khayalan tujuane ya guyonan ora ana tujuan apa-apa. Daripada mumet ora olih proyek wkakka. Tur cerita kiye ya aja ditiru soale ora apik wkkakak
***
(Yan 97)