SuaraPantura.com -Murlidod karo Warso lagi seneng-senenge nulis berita lan kirim ning media. Gal dina gal Minggu boncengan wong loro kue golet kejadian kejadian anyar sing update.
Pas anjog Ning Prapatan ana keramaian sing gawe macet dalan. Warso karo murlidod penasaran nemen. Tapi pan manjing Ning lokasi angel nemen pokoke kehalang wong sing akeh nemen.
Murlidod : Pimen So, angel nemen kyeh pan mono.
Warso : Kalem DOD, nyong ana akal. Kuwe kan Miki jarene ana sing ditabrak lari jare wong kae.
Murlidod : Ouh yaul. Terus pimen?
Warso : Ente gemboran bae maring wong-wong ning kana kae. Ngomong bae "Minggir-minggir, Aku keluargane!". Pasti wong-wong kae ngein dalan lan pd minggir DOD.
Murlidod : Oh iya yah So, ide bagus, okk tak coba Saiki ide mu.
Murlidod akhire maju nembus kerumunan karo gemboran ben pada minggir ngain dalan.
Murlidod : Minggir- minggir aku keluarga sing ditabarak!
Spontan wong-wong sing berkerumun kuwe langsung pd minggir ngein dalan murlidod karo Warso ngileng, tp kr pd cengengesan.
Murlidod : Yuh So, canggih idemu.
Warso : Yuh DOD. Maju kiye wes penak dalane.
Wong loro maju karena wes dingain dalan. Pas anjog mana wong loro kue kakunen.
Warso : wasuuuuuu DOD, apes Dewek kyeh. Waduk jebule kethek sing ditabrak DOD.
Murlidod : Bangsuuutttttt, berarti wong mau pada ngguyu karna nyangka keluargane aku kunyuk ya? wasuuuu suuu suu suuuu....
Wkakakakakkaak..
***