SuaraPantura.com - Murlidod Dina kiye mucu-mucu bae mondar mandir Maring pasar.
Tujuane ya goleti wan Abud tukang sarung Toldem, sing wis malang melintang puluhan tahun Ning dunia penjualan sarung.
Embuh merga kening ngapa si murlidod dugale pol Maring Abud.
Krungu-krungu krungu jare gara-gara tuku sarung akeh nemen. Tp jare ora sesuai karo tulisan sing Ning sarung.
Nyong melu penasaran, akhire tak takoni.
Enyong : DOD, koen lagi ana urusan apa mondar mandir Ning pasar goleti wan Abud.
Murlidod : Wis pokoke urusane dawa Karo wong kae.
Enyong : Pimen Len, cerita semestine.
Murlidod : Kyeh, Aku wingi tuku sarung satus iji, jare kualitas e apik lan tulisane jaminan 100 % ora luntur. Ya aku percaya
Enyong : Lah terus kepimen, WAN Abud bener ? Apa ora?
Murlidod : Lah kuwe , WAN Abud mung nodokna sarung sesuai tulisane.
Enyong : Ya wis kiye WAN Abud tak bel, jajal aku kepimen pingin krungu cerita e sing jelas sing WAN Abud
Murlidod : Wis gagiyan mana di telpon koen. Sekalian ngomong denteni aku.
Akhire Enyong telpon Wan Abud. Krungu cerita sing Wan Abud aku dadi melu ngakak.
Enyong : Wkakakkaka DOD, DOD wkkakaka. Ente sing compong koh, WAN Abud kan Arab, biasa maca tulisan sing tengen(kanan), tulisan ' jaminan 100% ora luntur' kue jajal koen maca sing tengen. Wkakkaka lah nt maca ne sing kiwa ya ora nyambung oh.
Akhire Murlidod nyawang maning tulisan kue nek diwaca sing kiwa mbacane.
'Jaminan 100% ora luntur'
Nah barang Diwaca sing tengen dadi :
'luntur ora 100% jaminan'
Nyadari kaya kue, Murlidod malah kakunen.
Murlidod : Wkkakaka waduk koh dasar WAN Abud kupret!!!!
***