SuaraPantura.com - Kaji Murlidod terkenal paling dermawan ning kampung. Sebab memang dunyane lagi akeh karna sukses bisnis sarung toldem dikirim ning Timur Tengah.
Kaji Murlidod asline ya ning agama ora apik-apik nemen. Tapi karna ndue duit bisa munggah kaji ya akhire dandanane wes mulai ngungkuli kyai.
Sorban putih, peci putih, tur nek diundang nama tok dadi tersinggung. Njaluke komplit, Kaji Murlidod.
Nah ning Desane Murlidod ana randa arane Sarboah, anake loro lanang-lanang sing senenge krekelan wit jambu.
Kaji Murlidod sore-sore critane lagi mlaku-mlaku golet angin. Memang kebiasaane kaji murlidod nggal sore keliling kampung karo mbagi shodakoh.
Sore kue Kaji Murlidod weuh anake Sarboah sing mbontot, krekelan wit jambu ora klambinan.
Akhire bocah kue diundang ning kaji murlidod.
Kaji Murlidod : Tong,koen bisane ora klambinan?
Anake Sarboah : Ora due klambi pak Kaji.
Kaji Murlidod : kieh duit nggo tuku klambi ya.
Murlidod pun langsung cung duit 500 ewu.
Bocah mau ya akhire wadul maring kakange.
Esuke pas mlaku-mlaku, Kaji Murlidod liwat dalan wingi sing pada. Ganti weruh anak mbarepe Sarboah ora nganggo klambi lan katok, mung sempakan tok
Weuh kaya kue langsung diundang anak mbatepe Sarboah kue.
Kaji Murlidod : Mene koen, bisane mung sempakan tok? Klambi karo katoke endi?
Anak mbarepe Sarboah : ora due katok karo klambi pak Kaji.
Kaji Murlidod : yawes kie duit sejuta. Nggo tuku klambi karo katok.
Bocah kue langsung balik wadul maring adine lan mamane.
Bengine Sarboah ndue rencana apik. Makane deweke mbatin karo pesam-pesem tok.
Esuke Kaji Murlidod jalan-jalan sore lewat falan biasa. Nah ning wit jambu Kaji Murlidod Njimprak. Sebabe weuh Sarboah manjat wit Jambu Wuda Klontang. Akhite ya tetep diundang ning Murlidod.
Kaji Murlidod : Hiss koen kiye mene, kieh duite tampani toli langsung lunga oh mana aja krekelan kaya kue bae.
Sarboah : Pak Kaji! Daning aku mung dingain recehan rongewu tok? Wingi anakku 500 ewu sijine malah olih sejuta.
Murlidod : bocah-bocah wingi tah nggo tuku pakean oh.
Sarboah : Lah kiye sih maksude aku dingain mung Rongewu perak pimen?
Kaji Murlidod : Iya kue nggo tuku silet ning warung, rambut ning ngisor kue bisa rungkud nemen kaya alas. Wes mana gagian lunga terus dikerik bersih.
Sarboah : Waduklah. Dasar Kaji Murlidod! Matane Nglamur Jempole Nglodod!
Sarboah lunga karo musih-misuh.
***