SuaraPantura.com - Murlidod lagi ngamuk mucu karo ngromed sa emohe. Tangga, anak bojo kena semprotan e kabeh, RT RW ya digayami kabeh daning murlidod.
"Ora adil kupret kabeh, wong kuli, umah isih ngontrak mangan ya sa anane bisane ora dinein bantuan sosial. Dasar kupretttttt. Wong sing sugih sing lagi njabat malah manjing data penerima, kepimen donge kiye". Ngromode murlidod Karo mlaku-mlaku.
Weruh kaya kuwe enyong langsung ngandeg murlidod Karo Takon, Keningapa sebenere.
Enyong : DOD, kening ngapa, daning ente kaya wong gendeng, mlaku kari ngromed bansos-bansos. Ora olih bansos?
Murlidod : Enyong wong kere, tapi datane enyong ora manjing penerima bansos. Pimen ora dugal
Enyong : Oh terus pimen DOD?
Murlidod : Piman pimen, ente maning Takon tok. Ngein solusi ora Takon Bae.
Enyong : Wkakakak wis aja dugal DOD. Kyeh tak warai. Eben nt datane manjing penerima bansos. Gelem apa ora ?
Murlidod : Ya gelem. Pimen cara ne?
Enyong : Kyeh tak warai. Namane ente lebokna bawuk Bae soale arane ente pas nemen murlidod matane ngalmur eeline nglodoodd wkakkaka.
Murlidod : Wadukeeee aimu wasuuuuu. Aja guyonan!
Enyong : Iya kiye saiki aku ngomong serius,
Murlidod : Terus pimen carane?
Enyong : Raimu Ngadep Yono bae mana, mumpung lagi dadi Walikota.
Murlidod : Terus nyong kudu ngomong apa karo Yono?
Enyong : Remu njaluk dadi Wakil Walikota!
Wkkakakaka...
Murlidod : Syuuuiiii! Tapi, Iya tah iya yah.. Jon, whuakakakakkaak....
Akhire Murlidod ora sida dugal.
***