SuaraPantura.com - Kelakuan e murlidod sing seneng melu-melu nimbrung Ning apa Bae. Dina kiye kena apese, sing biasane mung Melu ngomong-ngomong tok olih prelek. Dina kiye malah olihe samplongan sandal wkakak.
Awan kiye WAN Abud cs bar mayukna tanahe ewong. Terus pada kumpul ngopi udud kr mbagi-mbagi jatah preleken sing gedene lumayan nemen. Karna regan tanah sing di dolna wis kelase em-eman. Terus dawa Karo Rai tanahe ya wis Amba ne ora umum.
WAN Abud : Kyeh Jon, bagian mu, kiye bagian e kae, kuwe bagianku. Sisane go Medang mangan enak.
Kancane WAN Abud : Siap. Bagi rata kabeh ya WAN.
WAN Abud : Yaul uwul-uwul wis pokoke. Sing tuku metu rong persen, sing adol metu telung persen. Lumayan wis rejeki wong apik hahahha.
Lagi enak-enak bagi hasil preleken. Si murlidod ujug-ujug nongol Bae Karo melu-melu Takon.
Murlidod : Pimen kiye, jatahe. Tanah sing payu Rai pira mlayune pira?
WAN Abud : Nt Awit gemiyen modal mung Melu-melu ngomong tok. Ujung-ujunge ya njaluk dipecingi. Padahal mung Melu ngomong tok. Paham ta ora.
Murlidod : Selain kie cocot spesial, ente ya kudu Bagi-bagi rejeki oh WAN. Hehehe , sing payu tanah Endi WAN, Rai ne pira mlayune pira?.
WAN Abud : Waduk raimu. Kyeh udud, pingin ngerti raine? Raine Kuwe raimu, mlayune kuwe mlayu banter nemen.
Murlidod : Memang Arab Bledughhhhh!!!
Mediiiitttttttt!!! Whuakakakakak...
Wan Abud : Wuzzzhhhj!! (Mbalang Sandal)
***