Memuat...IDR/USD 16.285▼ 0.12%IHSG 7.842,11▲ 0.64%Emas Rp 1.384.000/grJakarta 29°C ☁

Guyon Ngapak : Murlidod Ndue Spion Gaweane Gusti Allah

Adi Purnomo Attsani•
Warung Pojok

SuaraPantura.com - Murlidod dina kiye pan mangkat kondangan maring jakwire neng Desa Tembok Banjaran. Sing arane Yono kanca SD ne mbiyen.

Bengine deweke wis janjian karo si Tarjo pan mangkat bareng, "Jo.. Ngesuk kondangan Bagong mangkate bareng yak?" jare Murlidod. "Kalem, ngko nyong nyamper esuk-esuk Dod.." jawab si Bagong.

Dasare Murlidod, ora awan ora bengi gunane dolanan HP bae karo COC an, ora nyadar wis jam 4 esuk esih mentelengi layar HP bae. Barang wis krungu suara adzan subuh, dweke malah ngeces ilere wis netes maring tangane sing lagi nggegem HP karo ngorok.

Murlidod turu kayong lali nemen, kaya penganten anyar lubar malam pertama sing kesele ora umum. Barang wis wayah esuk, Si Bagong sing wis janjian pan mangkat kondangan bareng ketok ketok lawang karo ngodor. "Dod.. Dod.. Assalamu'alaikum..! Dod.. Dod..!" gemboran Bagong. Nganti ping pitu luwih lawang diketok laka sautan, akhire si Bagong lunga karo ngosog, "Asem kae bocah jare njaluk disamper jebule mangkat disit..!" jare Bagong.

Jebule Murlidod esih turu karo ngiler neng jero umah.
Barang wis jam 11 awan, Murlidod nembe tangi karo kriyep-kriyep matane diucek-ucek.. Niliki jam jebule wis jam 11 Murlidod kaget karo nyebut, "Allahu akbar! Daning jam 11 awan!".

Dari Rekening Dormant BNI Rp204 Miliar hingga Pembunuhan Kacab BRI, Jejak Sindikat Candy dan Dwi
Baca Juga · Warung Pojok
Dari Rekening Dormant BNI Rp204 Miliar hingga Pembunuhan Kacab BRI, Jejak Sindikat Candy dan Dwi

Deweke langsung njukut kunci motor karo ngingung bayu putih sagelas, mangkat kondangan. Ora subuhan ora raup acan, dasare Murlidod. wkwkwk.

Murlidod motore anyar, cuman dasare Murlidod nduwe barang tangane gratil.. Segala Spion dicopoti, Spatpot mburi dipreteli, knalpot e ditugel diganti tempolong khong guan. Wiss... Pakrak ora..!

Nembe metu omah, 5 menit.. Jebule di suprit polisi nang prapatan lampu merah gili tugel. "Priit... Prit... Selamat siang Pak?" takon Polisine. "Siang juga Pak..!" Jawab Murlidod.

"Bapak ini kami Tilang, ya Pak?" jare Polisi
"Lohh, kenapa Pak!!" Murlidod ngosog.

Corporate Secretary BNI, Kekayaan Okki Rushartomo Melonjak, Ini Rinciannya
Baca Juga · Warung Pojok
Corporate Secretary BNI, Kekayaan Okki Rushartomo Melonjak, Ini Rinciannya

"Iya, motor bapak tidak standar sebab tidak ada spion nya. Bapak juga melawan arah.. ini over boden.!" jare Polisi.
Dasare Murlidod, ora kurang akal njawabe, ".Kie Spione pak? Karo nuding gulune..!" wkwkwk

"Maksude?" Jare polisi.

"Iya kie gulune aku kan bisa muter-muter dewek, weruh ngarep weruh mburi, kie spion gaweane Gusti Allah, luih canggih sing gaweane pabrik" jare Murlidod.

Polisi : (langsung semaput) wkakakkaak..

MAXstream Dikeluhkan Pengguna, Folaplay dan TVRI Jadi Solusi Nonton Piala Dunia 2026
Baca Juga · Warung Pojok
MAXstream Dikeluhkan Pengguna, Folaplay dan TVRI Jadi Solusi Nonton Piala Dunia 2026

Murlidod emang polahe akeh, ora ngendi ngendi senenge gawe reg, genah wis ngarti yen motor kuwe kudu ana spione, ehh malah spion sing wis ana diprutuli jare endah necis umum kanca motore, wkwkwk.

Padahal wis jelas, fungsine spion kendaraan kuwe belih jare-jare emang penting nemen, terutama nggo ndeleng situasi kendaraan liyane neng samping kanan-kiri karo mburi.

Soale biasane, angger pan belok ora lirak-lirik spion bahaya bisa nyenggol pengendara liyane. Contohe bojone Murlidod durung suwe kas nyenggol mobil anggot Tegal-Slawi gara-gara pan belok maen tekuk bae, anggepe karpet mushola maen tekuk bae. wkwkwk

Mulane nyong rika kabeh kudu ngati-ati yen pan numpak motor atawa mobil lunga adoh, terutama kelengkapan kendaraane kudu sesuai standar aja maha-maha.***

Tags:
#guyon ngapak tegal#murlidod
Bagikan:Facebook𝕏 / TwitterWhatsApp

Komentar (0)

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama!

Tulis Komentar

Memuat verifikasi keamanan…