Memuat...IDR/USD 16.285▼ 0.12%IHSG 7.842,11▲ 0.64%Emas Rp 1.384.000/grJakarta 29°C ☁

Guyon Ngapak : Adzan Dibandingna Karo Asu Njugrug

Desky Danuaji•
Warung Pojok

SuaraPantura.com - Esuk-esuk Yai Murlidod ditekani wong kampung rame-rame. Jarene pan ngajak Yai Murlidod ndemo Menteri Agama.

Sebab wingi-wingi Menteri Agama ngomong lan mbandingna suara Adzan karo jugruge Asu.

Pas ditekani warga, Yai Murlidod metu bar maca koran sarungan bojone lagi blanja dasteran kaya lagu Jawa sing lagi tenar kae.

Yai Murlidod : Sampean rame-rame mene ana apa?

Warga Kampung : Sih Panjenengan derreng mireng pak yai? Wonten menteri agama sing ngomong mbandingna suara Adzan kalih suara Gugug.

Yai Murlidod : Lah terus pan pimen?

Warga Kampung : Kulo bade ngajak Panjenengan Demo, kalih nyuwun Pentunjuk.

Dari Rekening Dormant BNI Rp204 Miliar hingga Pembunuhan Kacab BRI, Jejak Sindikat Candy dan Dwi
Baca Juga · Warung Pojok
Dari Rekening Dormant BNI Rp204 Miliar hingga Pembunuhan Kacab BRI, Jejak Sindikat Candy dan Dwi

Yai Murlidod : Oh Kaya kue, yawes mene njagong sek sing anteng.

Warga Kampung : Nggih Pak Yai..

Yai murlidod nyuled udud sampu nganggo gading kayu bengkir bar kue ngandani,

Yai Murlidod : Bapak-bapak sing budiman dan dirahmati Allah, Raimu-raimu coba mikir. Lagi ana suara adzan pada teka maring Masjid ora?

Warga Kampung : (meneng tok)

Murlidod : Lah ka giliran ana Menteri keplitut omongan raimu-raimu gagiyanan paling ngarep. Kue Menteri ya lagi keplitut omongan, tapi kan maksude bener.

Corporate Secretary BNI, Kekayaan Okki Rushartomo Melonjak, Ini Rinciannya
Baca Juga · Warung Pojok
Corporate Secretary BNI, Kekayaan Okki Rushartomo Melonjak, Ini Rinciannya

Nek raimu-raimu nangkepe suara Adzan dipadakna karo suara Asu, berarti Uteke raimu-raimu pada sing isine Asu.

Warga Kampung : Tapi kan kulo bade Mbelani Agama Pak Yai...

Yai Murlidod : Mulane gara-gara raimu kabeh sing pikirane Cruwek, Agama bisa dadi rusak citrane.

Warga kampung : terua kulo kudu kepripun pak Yai?

Yai Murlidod : Mana pada Balik, nyambut gawe sing kenteng tur cerdas, anak bojone ben makmur.

Warga Kampung : nggih Pak yai, Tapi...

MAXstream Dikeluhkan Pengguna, Folaplay dan TVRI Jadi Solusi Nonton Piala Dunia 2026
Baca Juga · Warung Pojok
MAXstream Dikeluhkan Pengguna, Folaplay dan TVRI Jadi Solusi Nonton Piala Dunia 2026

Yai Murlidod : Tapi apa maning?

Warga Kampung : Kulo nyuwun Ongkos ngge wangsul

Yai Mulidod : Memang yah, Kieh duit nggo balik, kie ponggol go madang

Warga Kampung : Nggih matur suwun, Hidup Yai Murlidod! Hidup Pak Menteti Agama!

Yai Murlidod : ish... Bisane gemboran kaya kue

Warga kampung : soale panjenengan wes ngain aku sangu karo ponggol.

Yai Murlidod : oalah... Dasar Rai Ponggol!
***

Tags:
#menteri agama#guyon ngapak tegal#murlidod
Bagikan:Facebook𝕏 / TwitterWhatsApp

Komentar (0)

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama!

Tulis Komentar

Memuat verifikasi keamanan…