SuaraPantura.com - Murlidod memang wong apikan tur eman maring Bojo, apa jejalukane bojo mesti dingain.
Dina kiye murlidod jejagongan ngarep umah karo bojone sing ayune ora umum. Terus wadah bayune gedene ya kaya gunung Slamet.
Bojone murlidod : Pak, ibu njaluk duite oh. Soale pan senam terus lanjut renang.
Murlidod : Hemmmm pira?
Bojone murlidod : Rongjuta Bae oh pak. Aja akeh-akeh. Ibu lagi seneng renang terus Eben awake ibu ky prawan mbiyen. Langsing singset oh pak
Murlidod : Yawes, Kyeh rongjuta, tapi sekalian tuku buah-buahan balike. Bapak lagi pingin mangan gedang, Eben raine Katon seger.
Bojone murlidod : Siap. Oh iya pak, kae kethek gal Dina mangan gedang be raine ya tetep kethek sih pak ora seger. Wkkakakakkaka takone bojone murlidod Karo ngloyor Maring Buri.
Murlidod : Waduklah koen belih ngerti, kae paus gal Dina renang be awake isih gede Bae kaya koen, wlakakkakakaaka
***
(Yan 97)