SuaraPantura.com - Dasar murlidod ana-ana Bae kelakuane. Genah bojone aran asline tuminah Ning KTP ya diganti dadi Maya tilis.
Mbuh kepimen maksude tp ya memang apik sih nama kuwe. Jare Murlidod kena nggo nama panggung, soale bojone Murlidod kue biduan kecamatan.
Awan kiye bojone murlidod nangis sesenggukan bar balik tampil nembang ning kecamatan.
Karna penasaran, Murlidod akhire takon.
Murlidod : Pimen Bu? Daning nangis?
Bojone murlidod : Lah ora nagis kepimen. Sampean ngain aku nama panggung malah ngisin-ngisinna aku.
Murlidod : Sih bisane? Aran Maya Tilis kan apik tur kepenak diomongna.
Bojone murlidod : Kepenak waduke ala, kiye awale gara-gara sampeyan. Genah tuminah ya diganti Maya tilis dadine kaya kiye oh.
Murlidod. Lah sih pimen? Maya tilis kan apik keartisan oh.
Bojone murlidod : Waduke lah. Ngerti ora sih mau pembawa acarane wong arab. Kebiasaane wong arab kan angger mbaca tulisan sing kanan. Maya tilis jajal diwalik oh.
Murlidod : Maya Tilis diwalik dadi apa yah, Ko tak mikir.
Bojone Murlidod : Mikir ana apa, Maya Tilis ya diwalik dadi Silit Ayam oh, sampean memang ngisin-ngisinna aku pak!!
Wkakkakaka puas murlidod selama kiye kawin Karo silit ayam wkkakakakakaka
***