SuaraPantura.com - Dina kiye Murlidod Kayong lagi mumet nemen. Duit sing bosok Ning dompet wis entek, pan njaluk Ning bojone ya pasti dipucu-pucu.
Mangkane jatah nggo mamah muda kudu dinekna, kanggo bayar kontrakan Karo liane.
Murlidod : Jon. Ana duit apa ora? Aku silihi Len?
Enyong : Pira? Terus pan nggo apa sih nt?
Murlidod : Rong juta Bae. Minggu ngarep tak Sauri. Biasa oh njatah mamah muda.
Enyong : Hemmm lah ente ana-ana Bae. Wes Kafir Miskin malah ngopeni bojo enom ana apa. Kyeh rong juta tapi Minggu ngarep balekna plus bungane.wkakkak
Murlidod : Raimu Saiki mangan riba bol? Aku mumet kyeh dibel'i terus. Kyeh weruh oh ya koen. Kiye mamah muda ngebel maning.
Enyong : Wkakkakaka gampang Jon. Ente kuwe langsung Bae diangkat terus jawab. Karo tak wisiki.
Akhire Murlidodbnganggkat tilpone mamah mudane.
Mamah Muda : Hallo, Mas Murliodod wes tekan endi?
Murlidod : Halo mah, papah tekan bintang satu dua tiga pagar (*123#) terus tinggalkan pesan.
Mamah Muda : eh ditakoni temenanan ka ngajake tukaran. Yaweslah dewek bubar bae. Tut tut tut.. (tilpone dipateni)
Enyong : Wkakkakakakakak enyong kaku nemen krungu omongane murlidod. Terus jawaben mamah muda e murlidod. Puas koen DOD akhire diputus oh ya Ning mamah muda e. Mene duite balekna rong jutane. Kan ora sida.
Murlidod : Wasuuuu koen Jon. Hemmm tp ora pa-pa wis. Kyeh rong juta tp tak sempil mangatus ya wkakka
Enyong : Suuulah nt ora bisa kecorok
Wkakkakakak..
***
(Yan 97)