SuaraPantura.com - Wis rong jumatan kiye murlidod. Dengaren mangkat jumatane keri terus, Yen krungu pan komat Bae nembe mlayu Maring masjid.
Embuh lagi ana kesibukan apa, tangga kiwa tengene bisa pada keheranan.
Enyong : DOD, ente rong jumatan kiye bisane mangkate telat terus?
Murlidod : Urusane enyong oh. Daning koen urus-urus Jon?
Enyong : Ya ora kaya kuwe. Arane selaku kanca kan Takon wajar oh.
Murlidod : Wajar tah wajar. Tapi aja kaya tangga-tangga ne enyong koen Jon. Pada ngomong mangkate keri olihe onta lumpuh jare.
Enyong : Ya bener oh. Yen mangkate awal mbesuk Ning akherat Maring suarga ne nunggang onta sing seger. Lah Ente mangkat jum'atane telat, ya mengko nunggange onta lumpuh oh wkakaka.
Murlidod : Pan pora, Onta lumpuh mbuh apa Yen silite nein balsem ya ngesod e banter nemen.
Enyong : Wkkakakakkaka dasar murlidod matane nglamur eline nglodod
***
(Yan 97)