SuaraPantura.com - Anake murlidod gawe reg maning. Mau mbolos sekolah, mbuh alesan kening ngapa.
Ditakoni ibune ya jawabe mung cengas cenges tok. Bocahe ya ora Wedi pokoke santai nemen, murlidod lagi njagong Ning teras umahe awan-awan Karo ngopi udud ya dibatiri Karo geguyonan. Pokoke wis ndablege pol-polan nemen.
Murlidod : Tong, koen manjing ngumah mana aja Ning kene Bae.
Anake murlidod : Sih kening ngapa pak? Bapak ora gelem dibatiri enyong?
Murlidod : Ya ora kaya kuwe. Kiye wis awan oh.
Anake murlidod : Lah terus kepimen?
Murlidod : Bapak ya ngerti mau koen mbolos oh ya. Yen awan-awan guru mu pasti lewat ngarep umah. Cepet oh mana ngumpet Ning njero umah.
Anake murlidod : Bisane aku pak. Donge bapak oh sing ngumpet.
Murlidod : Sih bisane bapak, apa hubungane?
Anake murlidod : Heheheh mau aku mbolos ijine bapak mati ndadak kena serangan jantung. Wkakkakaa
Murlidod : Wasuuuuu yah koen nyepatani wong tua mati. Karo nyekell sandal ngejar anake murlidod sing mlayu banter nemen Karo guyu ngakak-ngakak
Puas koen DOD. Diwales Ning anake wkkakakakakaka
***
(Yan 97)