SuaraPantura.com - Diwaduli bojone murlidod bab mertua wadone, jare bar ditodong Ning pasar. Murlidod langsung munjuk, sebagai mantan preman pasar belih terima babar blas.
Saumur-umur nembe keluargane diusik.
Sore kuwe murlidod langsung nakoni mertua wadon kesayangan e.
Murlidod : Bu, ceritane kepimen bisane ibu sampai ditodong?
Mertua : Ibu lagi Ning pasar dewekan pan tuku gemblong Tekek.
Murlidod : Bisane dewekan ora Karo bojo.
Mertua : Iya kelalen ngejak. Enyong pikir wong sadelat tok. Gampang wis balik sing pasar mampir umahmu.
Murlidod : Hemm terus kepimen cerita lengkape?.
Mertua : Ibu anjog pasar. Ana sing nodong. Wong loro Perawakane gede-gede ireng-ireng. Karo ngomong mene dompete. Cepet
Murlidod : Terus ibu ora gemboran njaluk Tulung?
Mertua : Ora. Langsung tak nekna dompet gedene aku sing isine mung rongewu perak tok.
Murlidod : Walah dalah wkakaka sukur wis lah. Mana badogen duit rongewu perak. Tp bisane ibu ora gemboran njaluk Tulung Eben sing nodong di kejar.
Mertua : Ya ora lah. Malah Yen aku gemboran mbokan Luwih parah nodonge. Soale untu buatan sing nduwur ngingsor bahane emas murni terus nembe dipasang wingi DOD. Nek sing nodong weruh malah ngko dijaluk.
Murlidod : Wkakkakakaka dadi ora Sida jengkel. Wong tua ana-ana Bae tur cerdik nemen kelakuane wkakaakkaka
Wkakkakakakakaka murlidod kalah cerdik Karo mertua wadone.
***
(Yan 97)