SuaraPantura.com - Murlidod Yen ngerjani wong memang kebangeten nemen. Ora tua ora Enom ya belih urus.
Dina kiye mertua wadone sing asli desa tur lugu nemen tur wis tua be dikerjani entek-entekan.
Mertua : Dod. Kae nih TV Ning tangga kanan kiri daning pada geger selikuhan. Emang apa sih kuwe silingkuhan DOD?
Ora pingin mertuane berfikir sing belih bener tentang kelakuane deweke sing badeg, murlidod langsung njawabi pitakone mertua wadone.
Murlidod : Oh selingkuhan kuwe lara mencret Bu.
Mertua : Ouh kuwe toh.
Murlidod : Nggih bu, wkkakaka Karo mbatin puas tak kerjani.
Esuke bojone murlidod kaget. Marani Maring umahe ibune sing radaan adoh. Weruh ibune lagi njagong Ning ngarep umah Karo kelemesen.
Bojone murlidod : Ibu keningapa daning Katon lemes nemen.
Mertuane murlidod : Kiye gara-gara selingkuhan sing tekane ndadak nemen. Terus durung nganggo celana be selingkuhan teka maning.
Bojone murlidod : Istighfar Bu, nyebut. Daning ibu kaya kuwe berbuate.
Mertua : Lah sih kepimen wong aku bolak balik Ning WC. Gara-gara selingkuhan.
Bojone murlidod : Ya Alloh Bu. Kuwe selingkuhan Nang berbuat ora senonoh Karo wong lia Bu.
Mertua : Waduke ala nemen bojo mu, wingi tak takoni jare selingkuhan kuwe penyakit mencret. Kiye aku lagi kenang mencret.
Bojone murlidod : Hadeww ampun nemen kae wong Lanang. Hemmm awas mengko tak betot barange Yen wis Ning umah.
Wkakkaka DOD DOD harah koen.
***