SuaraPantura.com- Sadelat maning manjing ning tahun politik. Sanajan isih rongpuluh Wulan maning, tapi mambu-mambu sing arane Pemilukada, Pileg karo Pilpres, wis mulai mbak seng nemen.
Apa maning tanda-tanda penyakit tahunan, wis mulai Katon. Awit sing kena penyakit ndadak dadi Eman, dadi dermawan, ndadak dadi wong cilik terus ndadak pan apa Bae dadi cepetna Kabeh. Apa maning dalan-dalan ora Ning desa ora Ning kota, tambah rungseb akeh gambar-gambar sing pada nongol.
Jare Murlidod penyakit kambuhan limang taunan kuwe wis biasa, apa maning tambane ya laka. Dadi Yen pas kumat ya wajar, mung gawe enek Karo mangkel. " Ana wong hajatan ora ngundang ora apa be ditekani, ana wong mriyang be ditekani Karo ngein duit. Sing njeli mung pas kuwe tok, manak nane Tah boro-boro raine Katon. Entute Bae ora krungu terus manbune be belih mbak seng Ning cungur". Omonge murlidod sing Karo kemebul seduprak Ning pos ronda.
Sing luwih sangar maning Yen wis dadi. Boro-boro ngundangi warga Yen ana acara, dosane Bae ndean dijaluk ora olih. "Yen wis dadi, penyakit ora eling Karo warga ya kambuh maning. Paling ya sing diopeni sekitare tok. Sing kupret maning, angger ngomong, enyong dadi ya modal dewek koh wkakkakakaka" . Crocos murlidod Karo guyonan.
Saiki Tah kudu pada pinter . Sing bakale kepenak ya sing dadi, gal Wulan olih gajian, olih tunjangan , olih angaran umah, mangan, kesehatan Karo liane. " Sing bakale kepenak gal Wulan digaji negara ya sing dadi. Kaya enyong Tah belih bakal olih kaya kuwe . Mulane Saiki kudu pinter milih Ewong sing pan dadi wakile dewek maupun pemimpine dewek Kabeh. Terus Yen ana wong sing ngomong sing ora usah nganggo duit, Eben kedepane amanah. Wkakkakakakaka budlah". Tuturane murlidod Karo knalpot e Moni mbak brot.
***