SuaraPantura.com- kekayaan alam Indonesia dikelola untuk kesejahteraan rakyatnya. Slogan bagus pengingat sebelum tidur bagi para rakyat jelata .
Nyatane iya ana benere nemen, buktine keluargane murlidod lagi bada wingi, ora mangan Sega selama seminggu.
Siji karena murlidod lagi nganggur kelorono ora olih bantuan sosial maupun liane.
Pan ngajukna utang KUR ya jare ora diacc karena bichekinge ora apik.
Wis pokoke pepek nemen lah deritane murlidod sekeluarga.
Enyong. So, Warso, koen selaku kanca kenthel e murlidod. Ngerti ora nasibe murlidod.?
Warso. Ora Jon. Awit bada ora nongol. Umahe digedor-gedor be sing metu anake.
Enyong. Lagi kening ngapa sih kae wong ?. Kayong ndadak aneh koh.
Warso. Embuh koh. Sajeke nganggur, ora ana usaha ora ana gawean dadi aneh. Jare pan utang modal be kangelan.
Enyong. Walah dalah. Pancen lagi apek kae wong. Koen krungu ora. Lagi bada jare kae Karo keluargane ora mangan saminggu. Bener apa ora?
Warso. Iya koh. Ora tau ngliwet . Wong duite laka, ora olih bansos.
Enyong . Melasi yah so. Lah koen ora ngein apa mbuh apa?. Kyeh ana duit mangatus, mana jujugna kae.
Warso. Ya mengko tak jujugna. Suwun ya. Wis nt mana oh jejaluk Ning liane go ngewangi murlidod.
Enyong . Yau so.!! Tapi kae wong kok isih Urip sih so. Wong ora mangan saminggu.
Warso. Iya kae Yen bada memang ora mangan Sega Jon. Sekeluarga e mung mangan kupat karo opor . Dadi ya Urip . Wong raine be ky kupat.
Enyong. Wasuuuuuuuuuuuu
***