SuaraPantura.com - Awit esuk tekan sore murlidod puca pucu Bae. Mbuh kesambet setan Ning ngendi, bisa kaya kuwe nemen. Diaruh-aruh Ning kanca batir ya mung cengir tok.
Enyong : So, so Warso . Kae kancamu murlidod lagi kening ngapa? Bolak balik puca pucu ora genah.
Warso : Embuh koh!!! Lagi kumat ndean. Maklum wis nganggur suwe.
Enyong : Kae wonge dundang mene ya kena oh so. Melas, Eben aja plonga plongo Bae pinggir dalan.
Warso : Yaul. DOD, murlidod. Mene kyeh. Ngopi udud. Kyeh wis tak gawekna.
Enyong : Yaul so. Kuwe lagi mene wonge. Kyeh DOD. Koen lagi kumat apa sih. Bisa raine Katon anta nemen.
Murlidod : Iya jon, so. Aku lagi dugal Karo bojo. Genah bekas spanduk pemilu wingi, digawe celana dalemane kae.
Enyong : Ya ora apa-apa oh DOD. Arane kreatif.
Warso : Iya oh DOD. Ora jor lah. Hebat kuwe bojomu bisa memanfaatkan barang sing ora dienggo.
Murlidod : Iya Tah iya. Tapi kan pas dienggo. Pas pan moang. Ana tulisane jangan dicoblos cukup di centrang. LAN enyong nyentrang barange bojo sih kepimen Jon?.
Enyong : Wkakkakakak wadukal nt ana-ana Bae .
Warso : Nganggo linggis nyentrange. Aja nganggo pulpene koen sing mblobor wkkakakakkaka
Murlidod : Hemmm Soak Kabeh Rika Tah. Yuh dining kopine.
***