Memuat...IDR/USD 16.285▼ 0.12%IHSG 7.842,11▲ 0.64%Emas Rp 1.384.000/grJakarta 29°C ☁

Natani Sampah Bae Ora Bisa, Apa Maning Natani Tegal, Murlidod Berfatwa, Guyon Ngapak Tegalan

Yanvera osmana•
Warung Pojok

SuaraPantura.com - Maning-maning geger sampah pating tlektek ning pingir dalan. Kayong ngisin-ngisina nemen, wis mambune blarahan ora karuan terus gegere anjog mana-mana.

Donge Tah kuwe pemerintah daerahe serius yah. Gawe program penanganan sampah Karo tempat pembuangan sampahe, tapi sing sekaligus aja mipil.
Aja mung ngein anjuran buang sampah pada tempate. Tapi tempate embuh Ning ngendi. Malah lagi kae sampai geger pirang Dina ora diangkuti.

Dari Rekening Dormant BNI Rp204 Miliar hingga Pembunuhan Kacab BRI, Jejak Sindikat Candy dan Dwi
Baca Juga · Warung Pojok
Dari Rekening Dormant BNI Rp204 Miliar hingga Pembunuhan Kacab BRI, Jejak Sindikat Candy dan Dwi

Jare Murlidod. Donge anggarane dibrolna kanggo gawe tempat sampah pembuangan akhir, tuku peralatan berat, tuku kendaraan sing kanggo ngangkuti. Tapi sekaligus ora mipil. " Tukune aja mipil, gawe tempat sampah ya aja mipil. Gawe tempat pembuangan akhir ya sekalian. Dadi kepenak ora mung gegere tok, anggarane laka, mbokan taun kiye, nembe kiye tok." Jare murlidod.

Corporate Secretary BNI, Kekayaan Okki Rushartomo Melonjak, Ini Rinciannya
Baca Juga · Warung Pojok
Corporate Secretary BNI, Kekayaan Okki Rushartomo Melonjak, Ini Rinciannya

Murlidod nambahi, kaya kuwe butuhe serius, pasti karo cepet. Mokusna sing penting, sing pra penting anggarane ilangna ndisit. " Jajal gen,program anggaran sing ora peting aja dijalana ndisit . Pokus setahun gawe progra dalan Karo sampah. Nang pasti bisa oh. " Tambahe si murlidod.

MAXstream Dikeluhkan Pengguna, Folaplay dan TVRI Jadi Solusi Nonton Piala Dunia 2026
Baca Juga · Warung Pojok
MAXstream Dikeluhkan Pengguna, Folaplay dan TVRI Jadi Solusi Nonton Piala Dunia 2026

Kayong wis enek dijanjeni tok, crocose murlidod, Karo kukur-kukur endas. Terus nambahi, wong dadi penguasa dadi wakil rakyat kuwe kudu wani. Wani gawe rakyate seneng, wani gawe rakyate sejahtera. " Yen enyong dadi penguasa Tah. Kabeh anggaran tak pukusna mono. Anggaran honor tunjangan kar liane tak ilangna ndisit." Wkakkakaka omongane murlidod Karo ngakak-ngakak.
***

Tags:
#tegal#guyon ngapak tegal#murlidod
Bagikan:Facebook𝕏 / TwitterWhatsApp

Komentar (0)

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama!

Tulis Komentar

Memuat verifikasi keamanan…