SuaraPantura.com - Murlidod bar maca berita ning koran online, jare wong nganggur ning kabupaten Jegal kui paling akeh se Jawa tengah-tengah.
Ning data jare ana Pitungpuluh siji ewu wong nganggur ning Kabupaten Jegal.
Jare murlidod pengangguran kue ana loro sebabe, siji sebab alami loro sebab struktural.
Sebab alami kue misale memang dasare ana wong sing beleh gelem kerja babar blas, dingain modal kon usaha ya belih bisa.
Memang mentale pengin nganggur, mung jenis wong kaya kie kayane tah jarang.
Sing keloro kui pengangguran struktural, kue sebab kebijakan pemrentah.
Misale ora ngopeni cah enom'e, ora marai keahlian nyambut gawe, bisa juga wong sing pan usaha ijine angel.
Kira-kira jare sampean sebab pengangguran akeh ning ning Kabupaten Jegal sing cocok sebab sing sebelah ndi?. Wes mana pilih dewek.
Tapi jare Bupatine tah sebabe karena investor pan investasi ning kabupaten Jegal pada ora sida, soale aturane digodog ora rampung-rampung.
Nah saliane alesan alesan kuwe mau, Murlidod ndue pengalaman ngurus ijin usaha ning Kabupaten Jegal.
Ning tulisan tah syarate gampang, tapi Jebule barang dilakoni ora sesuai ning tulisan.
Genah syarat-syarat wes komplit, ndadak dijaluki syarat-syarat liyane maning sing angel-angel.
Murlidod niate apik, usaha lan ngurus ijin ben setor pajeg maring negara. Eh... Malah jebule kaya kue.
Akhire Murlidod Mbatin, "Pantes rakyate pada nganggur, pegawene Raimu dibayar be nyambut gawene peta ora ka!".
Duh duh duh...
Sabar doddd...
***