SuaraPantura.com - Olih-olihe ndue lurah wadon, gerak zag zeg mana mene katone kederan.
Mbuh ngarti persoalan mbuh ora ya ora paham. Intine persoalan demi persoalan teka bae. Salah sijine sampah.
Sampahe masyarakat sedina kayong nganti 500 ton. Nek dibayangna sepira akehe ya mana coba bae dolan ning TPA utawa Tempat Pembuangan Akhir sampah sampah warga.
Murlidod mbaca berita juga jebule TPA kue wes over kapasitas alias wes ora sanggup nampung maning.
Durung nek alat berate rusak utawa alat transportasine bodol. Alamat sampah numpuk ning warga ora kejukut.
Sing akhire mambune brang breng mana mana.
Kue sing gawe Murlidod esuk-esuk wes mamprah-mamprah,
" Kie tembe persoalan sampah be pakrak ora apamaning urusan liyane" jare Murlidod.
"Terus Enake Pibe mas?" Bojone semaur.
Murlidod njawab,
" Kie berhubung udan, daripada nang njaba atur tur mambu baleng sampah. Yuh mlebu bae!"
Bojone Murlidod njawabi,
" Lah sih pan apa?".
"Menghindari polusi udara mah, karo nyoba gaya anyar ning njero!" Jawab murlidod prengas prenges.
Bojone Murlidod mung bisane mbatin,
" Edan ah, sing mau orapapa barang wes keramas njaluk maning. Alamat ndrogdog kie tah."
Wkwkwkwk...
***