SuaraPantura.com - Alhamdulilah dalane wis pada Alus kabeh terus Padang nemen lampune. Bersih nemen, laka sampah pating tlektek Ning dalan. Laka wong nganggur, proyek ya jalan pada keduman kabeh.
Wong sing pada dagang pada seneng Kabeh. Laka sing bangkrut, bantuan kridit modal ya ngalir, ora sing nembe belajaran dagang, usaha mapun sing wis suwe usaha. Tata mlita nemen daerahe enyong.
Yen bengi rame nemen pada tertib. Pokoke gemah Ripah loh jinawi nemen, ora pejabat ora penguasa ora wakil rakyat. Pada ngurusi wargane, rumah sakit pada ramah, bantuan kanggo kesehatane warga ya dijamin. Laka bocah putus sekolah. Pegawaine ya pada sumeh-sumeh nemen.
Murlidod. Kayong mbetahi nemen Urip Ning kene yah so. Saiki wis maju kabeh
Warso. Iya DOD. Kayong gawe seneng nemn. Laka kasus korupsi. Kota ne tata, desa ne tata tur maju kabeh.
Murlidod. Iya so. Dewek selaku warga, ya kudu ucap sukur so.
Warso. Yaul oh. Kayong nemen ngrasakna Urip seneng nemen kaya kiye. Aku sing usaha be olih bantuan kridit lunak DOD. Kuat ngangsur nemen.
Murlidod. Ya alhamdulilah lah pokoke. Enyong ya pada Bae DOD. Wingi bojo mriyang be gratis Ning rs so. Kae anake enyong ya olih bantuan pendidikan.
Gubrakkkk tangi-tangi. Wis pada tua-tua ora idep isin. Melek sampe bengi turu Ning pos ronda sampe awan. Ora pada idep isin . Akeh wong liwat pada ngilengna. "Gagiyan balik, ora balik ta banjur banyu maning kyeh". Ancemane bojone murlidod Karo gawa timba isine banyu.
Soo pimen kiye so. Daning teles klebes Kabeh kaya kiye. Asem nemen lagi ngimpi enak-enak koh diganggu .
***