SuaraPantura.com - Dina kie ceritane Murlidod dadi Orator.
Orator kue wong sing pidato pas wayah Demo.
Sing umah Murlidod wes sarapan ponggol, sangu iket endas, lan pasang tampang sangar tur wibawa.
Murlidod demo sebab waduke wes kaku persoalan dalan rusak.
Pan nyambut gawe kangelan, nggawa barang dagangan pada rusak, bocah sekolah mangkat ya pada tiba sebab dalan rusak.
Jengkele Murlidod wes ning ubun-ubun. Akhire ngumpulna bala sekampung dijak demo ning dinas kae.
Akhire rombongane murlidod anjog ning kantor dinas kae. Murlidod langsung nyetel TOA. orasi gagahe ora umum.
"Sedulur, Sampean pan meneng bae weruh dalan rusak? Anake mangkat sekolah tiba, Yu Darjem dodol endog ya pada pecah, Wa Sarjum nggawa hasil panen ya ngglusrak, kie salahe sapa? Kie Kepala dinase kudu metu! Tanggung Jawab!" Jare Murlidod.
"Setuju!!!!! Hidup Murlidod!!!" Jawabe warga kampung sing melu Demo.
Kalah runtag, kepala dinas kae akhire metu.
" Sedulur ana apa? Tulung, nyong mung kuli, duit sing nggo mbangun dalan kui ning Ibu Suri, ana duit ta garap, laka duit aku ya mung bisane usul" jare kepala dinas kae.
"Ngurusi dalan rusak bisa ora? Nyatane proyek-proyek liyane sing ora penting be ana duite. Kae proyek cilik-cilik, PL dibagi-bagi rata atasnama Aspirasi, Aspirasi ketemu pirang perkara! Kie aspirasi sing asli seka masyarakat, sampean kerjane sing bener!" Murlidod ngodor.
" Asli kang, aku ora ndue kuasa, kie aku mung bisane nyurati ibu suri karo liyane" jawab kepala dinas kae.
" Surat sih nggo waduke, wong kue digawe dadakan. Remu runtag nyong karo kanca batir pen teka mene? Terus nyong kon ngenteni anjog kapan?" Jawab Murlidod.
Murlidod jengkel, akhire ngjak kanca kampunge pada lunga.
"Yuh merad bae, nang kene kesuen ya laka gunane, Ora pada bisa nyambut gawe koh!" Gembor Murlidod.
Demone Murlidod mung sedelat, tapi mbuka matane wong akeh. Akhire pada melek lan mulai pada wani ngomong, jare kepala dinas kae ora bisa nyambut gawe.
Duh duh duh...
Aja galak-galak Dod...
Mbokan ko disantet, wakakakakakak...
***