SuaraPantura.com - Sawise dongane Maring Gusti Alloh terkabul. Murlidod Ndonga maning, njaluk Eben KPK Mudun Maring desa-desa, kanggo ngecek proyek bantuan sing provinsi. Embuh kuwe arane aspirasi embuh kuwe arane pokir.
Wong arane ndonga pan dikabul pan ora. Kuwe urusane sing gawe urip, kaya murlidod Tah sing penting ndonga.
Jare murlidod, wong arane pencegahan korupsi ya aja pada dugal. Eben bareng tata bareng gawe seneng Maring warga.
" Ya wong arane pencegahan ya ndongane kaya kuwe. Sukur-sukur Tah, Awit mbiyen sampai Saiki laka sing diduga dikorupsi. Terus hasil gaweane ya apik. Aja bar dadi langsung pada remek" omonge murlidod.



