SuaraPantura.com - Wong apa-apa lagi pada mundak. Awit sing sembako, sayuran, listrik sampe bensin. Donge gawe kebijakan gawe program solutif cepat.
Malah pejabat pejabat Ning daerah atas angin pada dinas pada Study Banding ning luar daerah. Kayong donge pada duwe ati apa ora sih, jare murlidod Karo kukuran endas.
" Kae wargane lagi pada susah nemen. Wis akeh sing nganggur jinggur. Pendapatan e ya laka. Donge pada mikir mono ndisit. Aja pada plesir Study banding ndisit". Jare murlidod .
Wong sing arane Study banding, terus kunjungan kerja. Hasile secara langsung sing bisa dinikmati warga apa sih.
Wong warga ya ora menikmati duit bensin, honor kuwe, ora turu Ning hotel Karo liane.
" Tolong kuwe pejabat pejabat Karo penguasa terus wakil rakyat sing Ning daerah atas angin sadarlah se sadar-sadare." Ngomonge murlidod .
"Aja Nganti Kualat Maring Rakyat!" Dalil Murlidod.
***