SuaraPantura.com-Salah sijine indikator utama akeh muncule gerakan radikalisme adalah ekonomi. Makane sing dadi penguasa, sing dadi wakil rakyat, sing dadi pemangku kepentingan.
Kudu cepet gerak, gawe solusi program peningkatan ekonomi warga ngingsoran. Eben usahane pada kepenak, ngajukna kridit modal ya ora kebentur bi cheking-chekingan.
Pegawean ya akeh, laka wong pada nganggur.
Terus kuwe penangane sing radikal, sing pan ngrongrong kewibawaan negara ya kudu cepet nemen. Aja lembek, aja nunggu aksi nembe beraksi. Arane bentuk perlindungan Karo warga atau rakyat jelata utamane lah.
Jarene murlidod, kabeh pihak kudu saling bantu saling suport. Eben laka gerakan-gerakan kaya kuwe maning lah. Kayong ngisin-ngisina nemen.
" Kuwe pemerintah daerah Karo pusat, gagiyan oh gawe program nulungi ekonomine rakyat. Program KUR ya ditatani maning oh, Eben warga sing pada usaha keduman bantuan kridit modal. Aja kaya enyong, wong pan ngajukna utang ya ora acc, Wong jare arane njeblug. Sing arane Wong lagi usaha, lagi dagang ya ana lancare ana ora ne. Sejen Karo pegawai atau karyawan sing gal Wulan gajian oh . Kuwe kabeh Ya kudu paham oh. Aja saklek. Kuwe tolong lah diapiki maning pelaksanaan program KUR, Eben aku bisa olih kridit modal oh". Jare Murlidod.
Murlidod cerita, pan usaha kangelan nemen, laka modal , pan gajukna ya ora acc. Pan dadi maling ya Wedi mbokan konangan digebugi.
Pan dadi garong ya dewekan tok, pan nyupang ya ana tumbale, terus jare ya dosane gede nemen tur ora diampura. Akhire kaya kiye plonga plongo tok, pan makani anak bojo be kudu utang mana, utang mene.
" Ya Yen dipikr sesaat, terus ana sing ngein duit gede, terus kongkon bat bet, ya gelem nemen. Tapi kan aku isih mikir mindo. Jajal Yen wong sing nasibe kaya neyong. Terus sing wis matane peteng, ya pasti tampani. Apa maning jare, kuwe Tah jare, gerakan-gerakan kaya kuwe danane ya akeh tur gede". Jelase murlidod.
Murlidod nambahi. Kuwe Yen ana atau sing dicurigai, langsung diawasi, Langsung ditekani. Eben ora pada gawe ulah sing akhire ngrugikna warga sekabehe. " Ya aparat kudu gerak cepat. Negara ya kudu aja lembek, aja ngein celah go gerakan-gerakan sing kaya kuwe". Tambe si murlidod.
***