Memuat...IDR/USD 16.285▼ 0.12%IHSG 7.842,11▲ 0.64%Emas Rp 1.384.000/grJakarta 29°C ☁

Lampu Gor, Milih Sing Murah, Sing Larang, Apa Milih Sing Nggawa?

Yanvera osmana•
Warung Pojok

SuaraPantura.com - Dina kiye dinas Kabupaten Jegal bagian sing ngurusi lampu GOR lagi keder.

Pimen ora keder, wes dititipi duit bantuan sing provinsi, kanggo tuku lampu. jebule sing marani wong pirang-pirang.

Sing siji wong Propinsi nitipna anake melu nawani lampu, karo meden-medeni.

Sijine wong adoh nggawa tukang begal ya melu nawani karo meden-medeni.

Kepala dinas mumet, barang dititipi duit anggaran, kok akeh wong sing meden-medeni.

Wong loro mau sing nawani wes barange larang, gayane ya sok-sokan.

Dari Rekening Dormant BNI Rp204 Miliar hingga Pembunuhan Kacab BRI, Jejak Sindikat Candy dan Dwi
Baca Juga · Warung Pojok
Dari Rekening Dormant BNI Rp204 Miliar hingga Pembunuhan Kacab BRI, Jejak Sindikat Candy dan Dwi

Akhire murlidod teka maring kepala dinase,

Murlidod : Rika Mumet nengapa kang?

Kepala Dinas : asyu ka, nembe seneng dititipi duit kanggo tuku lampu gor. akeh wong marani nawani barang, wes larang, maksa, karo ngancem sisan. Syuuu ka...

Murlidod : Nek wes ana pemaksaan kehendak tah wes ora bener kue.

Kepala Dinas : Nah kuwe, kudune aku kepimen Dod?

Corporate Secretary BNI, Kekayaan Okki Rushartomo Melonjak, Ini Rinciannya
Baca Juga · Warung Pojok
Corporate Secretary BNI, Kekayaan Okki Rushartomo Melonjak, Ini Rinciannya

Murlidod : Wes kue wong loro rausah diurusi Pak, Rampok kabeh kue.

Kepala Dinas : Iya tah iya, cuma nyong diweden-wedeni sih piben.

Murlidod : Aja diurusi, sing penting rika nyambut gawe bener ya ora masalah.

Kepala Dinas : Berarti aku tukune lampu aja ning wong loro kue?

Murlidod : Ya suka aja, Nggo sampean didantemi mena mene.

MAXstream Dikeluhkan Pengguna, Folaplay dan TVRI Jadi Solusi Nonton Piala Dunia 2026
Baca Juga · Warung Pojok
MAXstream Dikeluhkan Pengguna, Folaplay dan TVRI Jadi Solusi Nonton Piala Dunia 2026

Kepala Dinas : Terus aku tukune nang ndi sing aman?

Murlidod : Ngko tak wisiki, ana barang murah, aman, tur laka persoalan.

Kepala Dinas : Seneng kie aku nek kaya kue maring ente.

Murlidod : Koen tah biasa, dong mumet ngundange aku, syuu!

Kepala Dinas : tenang dod, ngko tak tukukna daging urip, tapi berhubung daging lagi larang kuahe bae ya?

Murlidod : Waduuuk!!!
***

Tags:
#guyon ngapak tegal#murlidod
Bagikan:Facebook𝕏 / TwitterWhatsApp

Komentar (0)

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama!

Tulis Komentar

Memuat verifikasi keamanan…