SuaraPantura.com - Mulane Yen lagi rapat aja pada dolanan HP. Dadine paham apa sing domongna.
Genah jelas kae pas rapat Karo komisi anti rasuah, wis diwanti-wanti, dungaan korupsi sing prosentasene gede memang Ning bab pengadaan barang dan jasa. selain kuwe Ning daerah atas angin juga, isih ana jual beli jabatan sing prosentase e sekitar rong puluh persenan.
Jare murlidod, Yen ora pada gugu ya ora apa-apa. Mbokan wis kuat, soale angger komisi anti rasuah wis ngomong, kuwe ora sembarangan. soale berbasis data Dudu pepesan kosong kaya Omongane wong kae-kae.
Murlidod : Wis tak omongi, wis tak wanti-wanti. Tapi ora pada gugu sih koen so Warso.
Warso : Iya maape DOD. Enyong pas melu rapat Ning daerah atas angin ya ditegur. Soale Isih dolanan hp Hehehe.
Murlidod : Pada gebleg Nang, bareng diomongi silahkan dolanan hp . Tapi pan diuncer-uncer sampai kantore . Koen raine langsung ndadak pucet. Wkkakakaw
Warso : Iyaa dod. Tapi enyong ora terlibat jual beli jabatan Ning daerah atas angin Iki oh DOD. Kan enyong bleketir .
Murlidod : Huluh nt. Jare sapa wong nt ya ana datane . Terus kan nt, melu-melu pengadaan oh ya. Melu-melu nangani pl Karo lelang oh ya?
Warso : Wis ora koh dod. Terus kae kancaku ya jare wis ora.
Murlidod : Sukur wis DOD. Walaupun koen ora melu-melu. Liane kan jare wis pada olih teguran oh ya . Terus nt olih teguran aja sering gabrud apa ora? Wkkakakakak
Warso : Sikahhh eimu
***