SuaraPantura.com- Daripada gawe mules Ning weteng. Terus gawe mumet Ning endas sing akhire endinge dadi bahan emplo-emplonan. Dina kiye jare geger kepala dinas PU daerah atas angin mengundurkan diri.
Mbuh kuwe maksude apa ya laka sing paham, mbuh kuwe karena desakan, mbuh cari aman ataupun cari mbuh apalah, tapi sing kaya kuwe juga gawe sistem ora ndadak ora apik.
Soale jare murlidod. Yen mundur karena desakan pulitik jelas ora apik, Yen mundur karena desakan konangan korupsi atau pun kondangan sering tah apik.
" Mengundurkan diri karena desakan pulitik atau golongan tertentu jelas ora apik. Soale gawe sistem rusak. Tapi Yen mundur karena desakan konangan korupsi jelas apik nemen". Jare Murlidod saat ngobrol Karo Mbah jambrongen terus wakmad.
Jambrongen: oh kaya kuwe DOD. Tapi Yen pengajuan mudur e wong kae sih kepimen?
Murlidod : Kan nembe ngajukna pengunduran diri. Kuwe be belum tentu diacc. Saiki Tah tergantung sing lagi berkuasa oh. Pan gawe sistem apik apa pan ora. Kaya kuwe bae.
Wakmad : Iya yah DOD. Wong ana proyek ya wargane sebagian gede ya ora mbadog sing proyek kuwe ikian. Pan jalan pan ora ya warga belih urus.
Murlidod : Kuwe mau tergantung sing lagi njagong. Wani adil apa ora, wani nglindungi bawahan apa ora, wani nglindungi warga wani gawe wareg ora gawe ngelih warga apa ora. Kaya kuwe tok koh.
Wakmad : Hadapi secara kesatria oh. Mikiri warga sekabupaten jegal ora segelintir golongan tok yah DOD.
Murlidod : Yaul. Tatani kabaeh, lahan ijo jalur ijo tatani Kabeh, birokrasi tatani Kabeh berbasis pelayanan Karo berbasis aturan kanggo nyenengna warga.
Wakmad : Nt kiye metu benere kyeh. Biasane nglamur Karo kuwe ne nglodod. Demen enyong Yen kaya kiye, ora kalah Karo wong kae kae sing ngedu ingpo kar ngedoli jangbatan wkakkaka
Murlidod : Suuu padakna koh Karo kae suuu.
***