SuaraPantura.com - Rencana murlidod Karo bojo sing pan kridit tanah kaplingan, ndadak ora Sida. Soale Wedi lagi akeh kabar Mapia tanah. Murlidod akhire, mutusna jalan-jalan Karo bojone, mbuh tujuane mengendi, ya laka sing paham. Tapi wong arane lagi dinaungi Dewi Fortuna, ndilalah ya pas jalan-jalan Nemu emas batangan.
Jarenge murlidod, omongane wong tua-tua, bahwa rejeki Takan kemana.Pancen ya ana benere. Soale ora Sida Tuku kaplingan malah Nemu emas batangan.
" Alhamdulilah nemen Bu. Kiye kayonge emas Bu, Dudu kuningan. Yuh maring toko emas. Ngecekna terus dol langsung Bu". Omongane murlidod Maring bojone Karo jingkrakan.
Bojone : yaloh pak. Kweh bener emas. Malah pan dituku larang nemen pak. Kweh jare pan dituku regane anjog em-eman pak. Waduh kesel ngitung duite kyeh enyong bakale.
Murlidod : alhamdulilah Bu, dewek olih rejeki tak terduga nemen kiye. Sing akehe ya ora kira-kira.
Bojone : iya iya pak. Bener omongane wong tua-tua mbiyen, rejeki Takan kemana.
Murlidod : yaul Bu.!!!
Bojone : alhamdulilah nemen kiye rejeki akehe ora umum. Sampe ilate enyong, ke enteken banyu, gara-gara meled terus. Kanggo ngitung duit.
Murlidod : wkakka ya arane manual oh bu. Kan dewek ora duwe mesin ngitung duit. Akhire ya kudu nganggo ilate koen oh bu. !!!. eben tangane ora pered, dadi cepet ngitung duite.
Bojone : karepe sampeyan lah pak !!!. Terus Kiye mbokan banyu ilate enyong entek. Ya kae, bocah -bocah kongkon pada meled mrene. daripada turu-turunan tok!!!
Gubrakkkk!!!! Pak pak pak. Gagiyan ngisinge. Enyong ya kebelet ngising. "gagiyan pak, kiye enyong wis pan mrojol nemen kyeh". Cerocose anake murlidod sing gedor-gedor Lawang WC Karo nyekeli bokonge.
Murlidod : wadukkkkkk lah kiye bocah. ngageti tok !!!. Asem ah !!!!. Jebule enyong sing mau lagi ngayal. Aduuuhh aduhh aduh gaswat!!!
Anake : Ning ngapa pak. Daning aduh-aduhan. Gagiyan koh.
Murlidod : iya kiye wis!!!. Gara-gara nt kyeh. Bapak dadi keplarak Ning WC oh . Remu kapruk toli!!! Wis gagiyan mana ndoboll.
Anake: bapakeeeee!!!!!! wasem!!!! Jorok ah!!!njejeni nemen, durung diguyur. Asemmm!!!!
Murlidod : puas nt wkkakakakak. Wong tua lagi ngayal ngitung duit. Malah dipedot. Rasakna koen!!!! Wkakkaka
***