SuaraPantura.com - Kaladugal ngileng bantaran kali, dikeruki watune nganggo alat berat. Murlidod akhire melu-melu, ora urusan aturan Karo penegak aturan.
Sing penting bisa sugih terus bisa ngein setoran lancar, ya semua aman nyaman terkendali.
Pan ilegal mbuh legal ora dadi pikiran Ning murlidod. Sing penting isih bisa ngein setoran, maring penegak aturan Ning daerah antah berantah.
Sekabehe pasti beres jires. Laka sing wani ngutak ngatik, ana warga sing gemboran, ya tinggal dituku cangkem Karo endase.
" Enyong kudu melu-melu oh so. Enyong kan duwe beking kuat Awit sing propinsi antah berantah Sampai fusat". Omonge murlidod Maring Warso sing lagi ngelingna ulahe.
Murlidod : wis koen ora usah melu-melu ngelingna enyong!!! Kiye urusane enyong titik !!!
Warso : kudu tak elingna . Soale nt salah, terus wis nglanggar aturan.
Murlidod : ora urus, wong kae kae sing jare duwe ijin. Ngruke mencong adoh nemen sing titik di ijini be ayem koh. Ora ditegur ora ditindak.
Warso : ya koen aja melu-melu kaya kuwe oh.
Murlidod : ya kudu Melu melu oh. Kae sing pada sugih dewek koh. Terus pada aman jiman
Warso : embuh Bae lah. Sing penting enyong wis ngelingna DOD. Enyong kuwe warga DOD. Ora kaya bekinge nt sing demokrasi tunggal. Patuh Karo pimpinan.
Murlidod : karep mu so.
Warso : okeh DOD.
Murlidod : koen durung ngrasakna es gosrok nginunge dulang pl ayu sih. Dadine isih kaya kuwe.
Warso : pan pl ayu pan ora. Rasane pada DOD. Aku ora gimir. Tp Yen gratis enyong njaluk oh DOD.
Murlidod : eimu. Kyeh bawuke kebo badogen wkkakakaka
Warso : suuuuuu lah nt
***