Memuat...IDR/USD 16.285▼ 0.12%IHSG 7.842,11▲ 0.64%Emas Rp 1.384.000/grJakarta 29°C ☁

Kunker : Kunjungan Kera, Bintek : Bimbingan Kethek, Murlidod Ana-ana Bae

Yanvera osmana•
Warung Pojok

SuaraPantura.com - Anggaran tahun ngarep kudu diceki Kabeh. Terutama anggaran kunjungan kerja Karo bimbingan teknis anggota dewan sing Ning daerah antah berantah.

Soale sing kaya kuwe ora gawe pinter warga Karo ora gawe warga sejahtera sekabehe.
Yen anggaran kunker Karo Bintek saben tahun mundak maning. Ya wis ora umum ora lumrah.

Jare murlidod, Bintek Karo kunker malah kudu di ilangna, terus dialihna kanggo kepentingane warga secara langsung. Terus kuwe anggaran bansos sing ana Ning kesra Karo dinsos antah berantah ya kudu di ilangna Bae. Ganti sing luwih tepat luwih berkelanjutan.

Dari Rekening Dormant BNI Rp204 Miliar hingga Pembunuhan Kacab BRI, Jejak Sindikat Candy dan Dwi
Baca Juga · Warung Pojok
Dari Rekening Dormant BNI Rp204 Miliar hingga Pembunuhan Kacab BRI, Jejak Sindikat Candy dan Dwi

Murlidod : enyong malah heran, mangpaate apa sih donge kunker kuwe? Bintek hasile apa sih?

Warso : nah kuwe dod. Mbuh tujuane pan kanggo apa. Kayong ampun Tah ampun nemen koh, wis dinein gajian Karo fasilitas pirang-pirang bae. Isih bae gegolet Ning kunker karo bintek.

Corporate Secretary BNI, Kekayaan Okki Rushartomo Melonjak, Ini Rinciannya
Baca Juga · Warung Pojok
Corporate Secretary BNI, Kekayaan Okki Rushartomo Melonjak, Ini Rinciannya

Murlidod : nah kuwe dod. Terus kan wis diumah-umahi pokir sampe atusan juta koh. Isih pada kurang apa yah so?

Warso : mbuh lah so. Kayong kaku, embuh semangate wakil rakyat sing antah berantah apa yah? Bisa kaya kuwe nemn.

MAXstream Dikeluhkan Pengguna, Folaplay dan TVRI Jadi Solusi Nonton Piala Dunia 2026
Baca Juga · Warung Pojok
MAXstream Dikeluhkan Pengguna, Folaplay dan TVRI Jadi Solusi Nonton Piala Dunia 2026

Murlidod : mbuh lah. Tinggal turu tolih enak. Mikiri ka poro wakil rakyat, kae be belih bakal mikiri dewek.

Warso : iya yah DOD. Kalem DOD, mengko Yen enyong dadi bupati ataupun walikota. Pan tak buangi Kabeh aturan sing mengenai pokir. Ora pada gelem ya urus. Wong ana aturane koh. Paling ya enyong Karo kae kae Kabeh ora digaji selama enem Wulan Yen bengkerengan Bae.

Murlidod : yaul so. Tak dukung ente. Wkakkaka wong nt dadi bakul togel Karo germo Bae bangkrut. Apa maning dadi bupati Karo wali kota . Nang daerahe bangkrut oh.

Warso : suuu lah nt
***

Tags:
#guyon ngapak tegal#murlidod
Bagikan:Facebook𝕏 / TwitterWhatsApp

Komentar (0)

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama!

Tulis Komentar

Memuat verifikasi keamanan…