SuaraPantura.com- Memang polo-polone wong daerah antah berantah radan ora genah tur rada ora tata ndean. Genah Bae nembe pada gemboran Efesiensi anggaran, tapi pas ngandakna lelang proyek rehab sekolah. Nomor urut loro sing dimenangna. Sing urutan nomor siji cukup dikalah tok, mung gara-gara jare tabel Ning RKK ana sing kurang.
Jare murlidod, proses lelang-lelang Ning daerah antah berantah memang kudu diawasi nemen. Awit gemiyen sampe Saiki jare sering gawe polemik, terus jare maning akeh dugaan-dugaan sing radan miring Maring oknum-oknum Pokja antah berantah. " Kesalahan sing kaya kuwe Tah ora mendasar nemen tur ora fatal, embuh kuwe berdasarkan asumsi aturan. apa berdasar asumsi sing pokja?. Kuwe kudu dicermati nemen sing kaya kuwe". Omongane murlidod Maring wakmad sing pan melu lelang.
Wakmad : siap DOD. Kiye enyong enake kepimen?. Melu lelang Ning antah berantah apa ora usah.



