SuaraPantura.com - Murlidod dina kiye mlaku-mlaku ning daerah Pemalang.
Ning dalan, ana wong loro padu kayong pan setengah tukaran.
Jebule sing lagi pada kue Si Gundul karo Cuplis.
" Ora bener kiye! Loken slogan Pemalang Ikhlas diganti Pemalang Aman? Kie jelas politis!" Jare si Gundul.
Si Cuplis ora terima,
" Belih kaya kuwe, arane pemimpin ya nduweni kebijakane dewek-dewek. Masalah slogan bae mung rubah kata tok be koen emosi. Kabeh mau wes nduweni cekelan aturan dewek-dewek!". Gembor Cuplis.
Murlidod ngrungokna wong loro padu akhire melu ngomong.
"Weh, Ndul, Plis, ente wong loro aja geger bae persoalan kaya kue. Daripada mbuang energi mending nyambut gawe keh! Wes pada mbadog durung?" Jare Murlidod.
Wong loro kompak njawab,
" Durung Dod, ora due duit"
Murlidod Mesem,
" Dasar raimu pada, ngelih ora due duit be gegere sing ora penting. Yuh pada mbadog, kue ning ngarep ana warteg, Nyong sing Mbayari kyeh!" Getak Murlidod.
Wong loro ndadak meneng, anteng tur nuruti Murlidod mlebu Warteg.
Barang wes pada wareg Murlidod ngomongi wong loro kuwe,
"Kyeh raimu-raimu wong loro wes aja gegera slogan, mending mikir kue dalan rusak pimen carane ben diberesi. Miki aku lewat kayong ning awak ka ora kepenek ora apa." Jare Murlidod.
Murlidod ngomong maning,
" Toli dikawal sing bener, ben gaweane ya bener, tur ben raimu-raimu kabeh bisa melu kerja. Aja gaweane wonge dewek sing mbadog wong liya. Paham???" Murlidod nge gas.
"Pahaaammmmm" jawab Cuplis karo Si Gundul Kompak.
" Nah kaya kuwe oh, raimu-raimu jebule barang wes wareg nurut yah!" Jare Mulidod.
Wkakakakkaak...
***