SuaraPantura.com - Jam kiye akhire Murlidod Kandah-kandah rahasia. Murlidod crita olih ilmu anyar bar dolan sing Kanjenge.
"Ora sombong tolih kepenakan terus mlastar, kuwe Kabeh syarat sing kudu diduweni koen disit DOD Murldidod. Supaya koen bisa disenengi diwong akeh, tolih wong-wong kuwe nganggep koen kuwe mampu Utawa sanggup. Paham DOD!" Ucapane Mas Agus Riyanto Maring Murlidod, sing pan nyalon Bupati.
Ora olih sombong, aja sombong. Kuwe gampang ngucapna ne, tapi kangelan nglakoknane.
Dadi terus belajar Utawa sinau kuwe kudu dilakoni. " Wis kaya kiye Bae gampangane. Koen Saiki mulai tit bar subuh sampe bengi pan turu. Belajaran ora sombong. Coba terus menerus, sampe dadi kebiasaan" omongane mas AR maring Murlidod sing lagi ngrungokna.
" Suuuu lah nt, gerrrrrr. Paham ora nt dod, aja mung mantuk-mantuk tok. Kuwe diseriusi ya DOD. Tolih koen Saiki ya kudu dadi wong sing kepenakan sekabehe. "
" Kepenakan kuwe pada Bae Karo gampangan tapi tanda petik. Sing positif. Dudu gampangan sing liane." Nambahine Mas AR.
Wis loro Bae mana dilakoni, soale angger pan kanda mlastar. Suuuu lah nt, lagi kenang susah ya kangelan oh DOD.
Dituturi kaya kuwe, murlidod langsung ngomong siap kanjenge. Pokoke enyong pan mulai sing Saiki.
" Wis pikiri apa lah pak. Sing penting udud ngopi Medang guyu". Jawabe murlidod Karo kukur-kukur endas.
" iissss daning nyerah dod? Durung apa-apa koh. Sida ora nt serius nyalon Bupati? " Takone Mas Tatang Suwandi manten Ketua DPRD Kota Tegal, maring Murlidod .
" Siap koh mas. Kalem enyong pasang Karo sampeyan ya. LiTangi alias Murlidod-Tatang Suwandi". Wkakakakka
Wkakkaka DOD DOD diwuruki Eben bener. Isih Bae otake mikiri selangkangan!! Hadeww.
***