SuaraPantura.com - Murlidod dina wingi nganti saiki isih mriyang. Saiki malah kayong rada parah.
Kayong wes krasa, Murlidod langsung ngumpulna anak-anake.
Gaya-gayane kayong pan bagi warisan karo pan ngain wasiat.
Murlidod : Bocah-bocah, saiki koen pada wes gede ya, mbesuk bapa laka tulung mamane dijaga ya.
Anake Murlidod : Bapa daning ngomong kaya kue pa, ora kena oh.
Murlidod : mulane, kiye bapa kayong wes krasa. Mulane rungokna ya.
Anake Murlidod : Iya pak.
Murlidod : Umah kiye ngko nggo sing bontot, koen mbarep tak ngain sawah. Trus koen nomer loro tak ngain pabrik ya.
Anake Murlidod : iya pak.
Murlidod : Terus pesene enyong mung siji, kuwe tulung tanah sebelah umah mbuh kepimen carane aja didol ya. Mbuh koen pada lagi ira due duit,nyangga butuh, lan liyane, tetep tanah kuwe aja didol.
Anake Murlidod : sih bisane pak?
Murlidod : ya pokoke kaya kue, pokoke tanah sebelah umah aja didol
Anake Murlidod : Kan kudu ana alesane oh pak bisane tanah sebelah umah ora olih didol? Wong liyane be olih.
Murlidod : Alesane mung siji
Anake Murlidod : Apa Pak?
Murlidod : Sebabe tanah kuwe dudu tanahe enyong. Wkakakakakak...
Anake Murlidod : Dasar bapak, pan mati be guyonan bae
Murlidod : wuakakakkakak...
***